Gegaran tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika sangking tembung: mlumah, mengkureb, modot, mlebu lan metu.
1. Mlumah
Menika werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makaryo utawi nyambut damel, minangka lantaran nyenyedhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rizki saking Allah SWT.
Sadamel-damrlipun, dipuntlatosi saengga ing samangkenipun nggadhahi kasagedan ing satunggaling perkawis, dados nyambut damel menapa kemawon saged sampun ngantos gontas-gantos padamelan (jelehan), ananging salah satunggal dipunantepi saha dipunudi/dipunpredi ingkang saestu.
2. Mengkureb
Tiyang gesang ing alam dunyo menika remena temen weweh utawi tetulung dhateng tiyang sanes, lan sunthik pikantuk panglembana. Kanthi mekaten menawi weweh utawi damel kasaenan dhateng tiyang sanes kaumpamaken nyimpen sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun dipunbucal. Saengga ingkang badhe bikak lemantun wau tiyang sanes, mboten awakipun piyambak. Menawi ingkang mbikak lemantun wau tiyang sanes mekaten gandanipun ngambar arum, nanging dipunbikak piyambak, gandanipun amis utawi bacin.
3. Modot
Menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing alam dunyo menika kedah tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut kamajengan jaman sarta masyarakatipun. Saengga dipunbetahken pengundi tuwin pambudidaya indhaking seserepan sampun ngantos kalindih wonten kemajengan jaman kasebat. Pramila ing babagan pangulawentah wonten bedhahn utawi istilah "long life education" utawi pangulawentah utawi pendidikan menika sadangunging gesang. Lan wonten malih "life skill" ketrampilan ngadhepibpanggesangbing samangke, liripun ing jamanglobal mekaten tiyang sadonya menika sanged pados panggesang ingbpundi papa. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat sasanggenipun, amergi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung kaliyan warga satunggal negari. Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar wawasanipun saengga gadhah pambudu daya kreatif.
4. Mlebu
Tegesipun saged nampi kamajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan menapa kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila legawaning manah. Utawi satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados 'pradangga', mangka wekdal samangke sampun awis-awis sanget tiyang kagungan kersa utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan wau kedah kupiya pados padamelan sanes minangka cagaking gesang, ugi saged nampi saha purun mboten purun nampi kamajengan seni umpami, seni campursari lsp.
5. Metu
Werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkang dipungadhahi kedah dipun tindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer menika ngamal ingkang sae saged lan entuk lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken wau tasih dipunginakaken. Sampun ngantos gadhah ngelmi nanging kados ugel-ugelan 'jarik luwas ing sampiran', tegesipun ngelminipun muspra boten dipunginakaken menapa malih dipuntularaken-tularaken.
Mekaten seratan kula, ingkang saged kula aturaken mugia mugio onten mumpangatipun, menawi mekaten inggih menika awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa, ananging menawi kathah tuna dungkap menika inggih awit saking cubluk lan cupeting penggalih kula.
0 comments:
Post a Comment