Aksara Jawa

Wonten wekdal dalu enjing meniko kulo bade caos seserepan kulo, ingkang kulo angsalaken sangking maos wonten wikipedia lan situs sanesipun. Aksara jawa, estunipun kulo lan panjengan sedoyo tiang jawa sekedik katahipun sampun nate mireng ugi sampun nate mersani aksara jawa menika sangking pangulawetah.

Aksara jawa menika di kenal "hanacaraka" lan "carakan". Meniko salah satunggaling aksara tradisional nuswatara ingkang di pun ginaaken kangge nulis bahasa jawa lan bahasa daerah sanesipun wonten negari Indonesia.

Bilih wonten sakdinten-dintenepun panginaan aksara jawa umumipun di pun gantos ngangge huruf latin. Aksara jawa menika sampun resmi di lebetaken wonten Unicode versi 5.2 warso 2009 kapengker. Ewah semanten aksara jawa boten saged di tampilaken wonten teknologi Graphite SIL, kados Firfox lan sanesipun prosesor aksara open source, saengga pangginaanipun boten segampil huruf latin.

bahasa jawa

Aksara dasaripun wonten 20 suku aksara ingkang di pun ginaaken kangge nyerat aksara jawa modern. Ingkang saben suku aksara jawa nggadahi kalih wujud aksara ingkang di pun arani "nglegena" lan "pasangan"

Sajumlah tanda diakritik ingkang dipun arani sandangan ingkang nggadahi fungsi kangge ngrubah vokal, nambahi konsonan akhir lan paring tanda ejaan. wonten pinten-pinten tanda diakritik ingkang saged dipun ginaken sareng-sareng, ananging boten sedoyo kmbinasi di pun angsalaken.

kados cekap semanten, mugi-mugi angsal manfaat saha barokah ilmu. amin.

Sumber: wikipedia lan situs sanesipun

SHARE

Agus Susanto

Guru ingkang sae meniko, guru ingkang nggadahi lan ninda'aken semboyan; 1. Ing ngarsa sung tulada; 2. Ing madya manngun karsa; 3. Tut wuri handayani.

  • Image
  • Image
  • Image
  • Image
  • Image
    Blogger Comment
    Facebook Comment

0 comments:

Post a Comment

http://www.resepkuekeringku.com/2014/11/resep-donat-empuk-ala-dunkin-donut.html http://www.resepkuekeringku.com/2015/03/resep-kue-cubit-coklat-enak-dan-sederhana.html http://www.resepkuekeringku.com/2014/10/resep-donat-kentang-empuk-lembut-dan-enak.html http://www.resepkuekeringku.com/2014/07/resep-es-krim-goreng-coklat-kriuk-mudah-dan-sederhana-dengan-saus-strawberry.html http://www.resepkuekeringku.com/2014/06/resep-kue-es-krim-goreng-enak-dan-mudah.html http://www.resepkuekeringku.com/2014/09/resep-bolu-karamel-panggang-sarang-semut-lembut.html